Djakarta, 27 Pebruari 2012
Menara Standart Chartered,
panggonan sing tak nggo nyambut gawe saiki. Mangkat jam pitu esuk, mulih jam 9
wengi tekan ngomah. Gor ngono-ngono terus sak mben dino. Neng suatu hari naliko
aku kerjo metu neng Karawang, ora nyono ora ngiro aku ketemu artis ibu kota.
Welada, pas aku mangan karo bos Jepangku Miyasitha sing jenenge T2 (Tika Tiwi)
mak sliwer lewat mburi ki. Lha aku yo kaget lan ra pathek percoyo to ya nek ana
artis neng kene.
Bar rampung mangan, Miyasitha
takok wong kuwi mau sopo. Banjur ta ke’i weruh nek wonge ayu mau artis. Lha
banjur wonge kaget, tibake wonge yo ngefans karo lagune sing judule “OK”. Bar
kui aku totoan karo Miyasitha iso ngejak kenalan karo T2 pora. Lha aku yo gelem
nho. Miyasitha tak ajak kenalan. Lagi pisan iki aku ngerti wong Jepang salah
tingkah, raine dadi abang karo polah ra nggenah ngono.
Ini mbak T2 ya? Omongan kui sing
ta ucapke. Lan wonge jawab “ho’oh, ana apa mas?”. Bar kui aku ngomong nek meh
njaluk poto karo bos ku jepang. Wonge tak delok lagi mangan ayam bakar muluk
sisan. Neng ati aku mikir “weh, artis tibake yo mangan sego to? Tak kiro suket”.
Lha tibake oleh. Ora nyono ora ngiro cah, lumayanlah nggo variasi kerjo.